Kamis, 05 Juni 2014

Tamu ing parak isuk

Nalika srengenge jumedhul ing brang wetan
Wayah rembulan wiwit turu
Embun lan kabut isih padha pau
Ngalangi panyawangku
Marang gawang-gawang ing ngarep omahku
Swara alus keprungu ing pangrunguku
Kanthi pocapan salam kang alus syahdu
Nentremake saben kalbu

Klambiku kang isih kumel
Nalika aku tangi turu
 Sawise gojeg karo impen-impenku
Dak peksa mung kanggo
Nuruti rasa penasaranku
Marang sapa sing mertamu

bebarengan lawang tumenga
katon sosok gumedhe lan gagah
Anggawe jubah
Gumuyu kebak makna lan kanda
"Aku teko nyusul sliramu,"
Kepriye keluargaku?
Kepriye sadulur lan konco-koncoku?
nalika aku mulih mengko?
Apa Gusti ngalancarake sakabehe??